Assalamualaikum Wr. Wb.
Bapak
Kepala Sekolah SMP N 1 IMOGIRI ingkang satuhu kinabekten, Bapak/Ibu Wali murid
ingkang satuhu kinurmatan, Bapak/Ibu Guru lan Karyawan ingkang djahat
kinurmatan lan sedara kanca-kanca ingkang kula tresnani. Langkung rumiyin sumangga
kula panjenengan sami ngaturaken puja puji syukur dhumateng ngarsanipun Gusti
Allah Ta’ala, ingkang sampun kepareng paring kanugrahanlan kasasaran jasmani
lan rohani satemah ngantos wekdal punika panjenengan sedaya dalasan kula saged
rawuh undangan wonten ing tata adicara pepisahan siswa kelas IX. Mboten kesupen
sholawat saha salam mugi kaatur dumateng junjungan kita nabi agung Muhammad
SAW, mugi-mugi kula panjenengan sedaya dados umat ingkang pikantuk syafaat
Donya linangkung syafaat wonten ing yaumul kiyamah allahumma amin. Wonten ing
titi wanci menika, kula minangka pranata cara badhe ngaturaken rantamaning
adicara, inggih menika
1 Pambuka
2. Atur Pangandikan Ketua Panitia
3. Atur Perpisahan saking wakil kelas 9
4. Atur pangandikan kepala sekolah SMP N 1 Imogiri
5. Pentas seni saking kelas 7 lan 8
6. Sumene
7. Panutup
Mekaten
para bapak para ibu sedaya menggah rantamaning acara ingkang badhe lumampah ing
wekdal siang punika.
1.
Ingkang setunggal, mangga kula panjenengan
purwakani adicara menika kanti waosan basmalah. Kula ndhereaken. Matur Nuwun.
Para bapak, para ibu sedaya, adicar
satunggal dumugi 5 sampun lumampah kanthi lancar ndungkap adicara ingkang
pungkasan inggih menika panutup.
Ananging sakderengipun dipuntutup
mbok bilih anggen kula nderekaken adicara kathah kalepatan saestu yu juminten
meres santen, sambi nggodok kupat jangane koro, kula wonten cekap semanten,
sedoyo lepat nyuwun pangapura. Pramila sumangga adicara kapungkasi kanthi
waosan hamdallah sesarengan, kula sumanggaaken.
Wassalamualaikum Wr. Wb.
Tidak ada komentar:
Posting Komentar